Jumat, 04 Oktober 2013

Pranata Adicara



Pranata Adicara
Hari Pendidikan Nasional
Bismillahirahmanirahiim.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah SWT mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu kakung miwah putri ingkang minulya.
Nuwun,
Para pinisepuh, sesepuh lan aji sepuh ingkang dhahat kinurmatan
Bapak Lurah ingkang kinurmatan
Para pangemban-pangembating praja minangka pandom-pandoming para kawula asih ingkang tuhu wicaksananing
Para kadang mudha-wredha ingkang mulya
Lan adik adik ingkang kula tresnani

Puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring mapinten-pinten karohmatan lan kasarasan saengga kita sedaya saged makempal wonten ing papan punika kangge meringati Hari Pendidikan Nasional kanthi sehat walafiat.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinabekten,          Saklajengipu kula minangka pranataadicara badhe ngaturaken reroncening adicara punika :
1.    Adicara kaping setunggal Pambuka.
2.   Kalajengaken adicara ingkang kaping kalih, Waosan Kitab Suci Al-Qur’an.
3.   Ndungkap adicara ingkang kaping tiga, atur pambagyoharjo.
4.   Adicara ingkang kaping sekawan, inggih punika tanggap sabda
5.   Tataran adicara ingkang kaping gangsal, medhar sabda.
6.   Wondene adicara ingkang kaping enam inggih punika panutup.
Minangka pambukaning pahargyan ing wekdal punika, sumangga kula dherekaken sesarengan maos basmalah. Dumateng tamu ingkang ngrasuk agami sanes, kula sumanggaaken miturut kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga kula dherekaken.
Bismillahirahmanirahiim
Sampun cekap, matur nuwun.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang minulya,
Ndungkap adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur pambagyo, ingkang samangke dipun sarirani dening panjenenganipun ……...
Dhumateng ……… kula semanggakaken.
-------------------------------
Kula aturaken sanget agunging panuwun dumateng panjenenganipun ………, minangka sampun ngaturaken pambagyoharjo.
Para lenggah ingkang dhahat kinurmaatan,
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika tanggap sabda, ingkang samangke badhe dipun sarirani dening panjenenganipun ……...
Dhumateng panjenenganipun ……… kula sumanggakaken.
-------------------------------
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun ……… ingkang sampun kepareng ngaturaken tanggap sabda.
Tataran adicara ingkang kaping gangsal, inggih punika medhar sabdo, ingkang samangke badhe dipun sarirani dening panjenenganipun ………,
Dhumateng panjenenganipun ……….  kula sumanggakaken.
-------------------------------
Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun ……… ingkang sampun kepareng ngaturaken medhar sabda punika.
Para tamu ingkang kinamulyan,
Wondene adicara ingkang kaping enam inggih punika panutup.
Sumangga sesarengan ngaturaken puji syukur wonten Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT, dene adicara ing wekdal punika saged kaleksanan kanthi wilujeng, tebih saking sambekala. Sumangga kula dherekaken, Allhamdulillahirabilalamin.
Cekap Matur Nuwun.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
Mboten kesupen mbokbilih anggen kula ndherekaken lampahing adicara punika kathah atur saha tindak tanduk ingkang mboten ndadosaken reraning penggalih panjenengan, kula nyuwun agunging pangaksami.
Kondur panjenengan sedaya, kula naming saged ndherekaken kasugengan, mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar