Pranata Adicara
Hari Pendidikan Nasional
Bismillahirahmanirahiim.
Assalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh.
Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah SWT mugi
tansah kajiwa kasarira dening para tamu kakung miwah putri ingkang minulya.
Nuwun,
Para
pinisepuh, sesepuh lan aji sepuh ingkang dhahat kinurmatan
Bapak
Lurah ingkang kinurmatan
Para
pangemban-pangembating praja minangka pandom-pandoming para kawula asih ingkang
tuhu wicaksananing
Para
kadang mudha-wredha ingkang mulya
Lan
adik adik ingkang kula tresnani
Puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah
ingkang paring mapinten-pinten karohmatan lan kasarasan saengga kita sedaya
saged makempal wonten ing papan punika kangge meringati Hari Pendidikan
Nasional kanthi sehat walafiat.
Para
rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinabekten, Saklajengipu kula
minangka pranataadicara badhe ngaturaken reroncening adicara punika :
1.
Adicara kaping setunggal Pambuka.
2.
Kalajengaken adicara ingkang kaping
kalih, Waosan Kitab Suci Al-Qur’an.
3.
Ndungkap adicara ingkang kaping tiga,
atur pambagyoharjo.
4.
Adicara ingkang kaping sekawan, inggih
punika tanggap sabda
5.
Tataran adicara ingkang kaping
gangsal, medhar sabda.
6.
Wondene adicara ingkang kaping enam
inggih punika panutup.
Minangka pambukaning pahargyan ing wekdal punika,
sumangga kula dherekaken sesarengan maos basmalah. Dumateng tamu ingkang
ngrasuk agami sanes, kula sumanggaaken miturut kapitadosanipun
piyambak-piyambak. Sumangga kula dherekaken.
Bismillahirahmanirahiim
Sampun
cekap, matur nuwun.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang minulya,
Ndungkap adicara ingkang kaping tiga inggih menika
atur pambagyo, ingkang samangke dipun sarirani dening panjenenganipun ……...
Dhumateng ……… kula semanggakaken.
-------------------------------
Kula aturaken sanget agunging panuwun dumateng panjenenganipun
………, minangka sampun ngaturaken pambagyoharjo.
Para lenggah ingkang dhahat kinurmaatan,
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika
tanggap sabda, ingkang samangke badhe dipun sarirani dening panjenenganipun ……...
Dhumateng panjenenganipun ……… kula sumanggakaken.
-------------------------------
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun ……… ingkang
sampun kepareng ngaturaken tanggap sabda.
Tataran adicara ingkang kaping
gangsal, inggih punika medhar sabdo, ingkang samangke badhe dipun sarirani dening
panjenenganipun ………,
Dhumateng panjenenganipun ………. kula sumanggakaken.
-------------------------------
Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun ………
ingkang sampun kepareng ngaturaken medhar sabda punika.
Para tamu ingkang kinamulyan,
Wondene adicara ingkang kaping enam inggih punika
panutup.
Sumangga sesarengan ngaturaken puji syukur wonten
Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT, dene adicara ing wekdal punika saged kaleksanan
kanthi wilujeng, tebih saking sambekala. Sumangga kula dherekaken, Allhamdulillahirabilalamin.
Cekap Matur Nuwun.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
Mboten kesupen mbokbilih anggen kula ndherekaken
lampahing adicara punika kathah atur saha tindak tanduk ingkang mboten
ndadosaken reraning penggalih panjenengan, kula nyuwun agunging pangaksami.
Kondur panjenengan sedaya, kula naming saged
ndherekaken kasugengan, mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh